Mata Pelajaran Sekolah Kamu

Pidato Bahasa Jawa Tentang Kemerdekaan







Pidato Bahasa Jawa Tentang Kemerdekaan

Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan
Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi
Ugi mboten kesupen rencang – rencang kaula tresnani
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti
Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget
kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.
Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan
Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.
Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi
sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para
pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia
lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu
tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia
saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak
nasionalisme ingkang katandur ing manah.
Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun
pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar